SYI’IR TANPO WATHON
ä}äﻁ>ã oi êã =ZV&Aã ۞ ä}ãPeã å< êã =ZV&Aã
ä2eäA wjQ 4^Yp p
۞ äRYäm äjfQ 38> +<
,<9eã p läFeã S~Y<ä} ۞ c~fQ hwA êãdqA<ä}
1.
Ngawiti
Ingsun Nglaras Syi’iran Kelawan Muji Maring Pengeran
Kang paring Rohmat lan Kenikmatan Rino Wengine Tanpo Pitungan
2.
Duh
Bolo Konco Priyo Wanito Ojo Mung Ngaji Syari’at Bloko
Gur Pinter Dongeng Nulis Lan Moco Tembe Burine Bakal Sangsoro
3.
Akeh
Kang Apal Qur’an- Haditse Seneng Ngafirke Marang Liyane
Kafire Dewe Gak Digatekke Yen Iseh Kotor Ati Akale
4.
Gampang
Kabujuk Nafsu Angkoro Ing Pepaese Gebyare Dunyo
Iri Lan Meri Sugihe Tonggo Mulo Atine Peteng lan Nisto
5.
Ayo
Sedulur Jo Nglale’ake Wajibe Ngaji Sak Pranatane
Tur Ngendelake Iman tauhide Baguse Sangu Mulyo Matine
6.
Kang
Aran Sholeh Bagus Atine Kerono Mapan Sari Ilmune
Laku Toriqoh Lan Ma’rifate Ugo Hakikot Manjing Rasane
7.
Al-Qur’an
Qodim Wahyu Minulyo Tanpo Tinulis Biso Diwoco
Iku Wejangan Guru Waskito Den Tancepake Ing Jero Dodo
8.
Kumanthil
Ati Lan Pikiran Mrasuk Ing Badan Kabeh Jeroan
Mu’jizat Rosul Dadi Pedoman Minongko Dalan Manjinge Iman
9.
Kelawan
Allah Kang Moho Suci Kudu Rangkulan Rino Lan Wengi
Ditirakati Diriyadhohi Dzikir Lan Sulok Jo Nganti Lali
10.
Uripe
Ayem Rumongso Aman Dununge Roso Tondo Yen Iman
Sabar Narimo Najan Paspasan Kabeh Tinakdir Saking Pengeran
11.
Kelawan
Konco Dulur Lan Tonggo Kang Podo rukun ojo Ngesiyo
Iku Sunahe Rosul Kang Mulyo nabi Muhammad Panutan Kito
12.
Ayo
Nglakoni Sekabehane Allah kang Bakal Ngangkat Drajate
Senajan Asor Toto Dhohire Ananging Mulyo
Maqom Drajate
13.
Lamun
Palastro Ing Pungkasane Ora Kesasar Roh Lan Sokmane
Den Gadhang Allah Swargo Manggone Utuh Mayite Ugo Ulese
Tidak ada komentar:
Posting Komentar