WEDARAN SESAJI 8 WARNI WONTEN JANGKA JOYOBOYO
Werdinipun
sasaji 8 warni ingkang kaaturaken dumateng
Prabu Joyoboyo dening Ajar Soebroto
Prabu Joyoboyo dening Ajar Soebroto
Kacarios, ing Nagari Kediri wonten Nata Agung Binatara
ajejuluk Prabu Joyoboyo.
Ing satunggaling dinten, boten angleresi dinten pasewakan,
Sang Prabu katamuan Raja Pandita saking Nagari Ngerum, asesilih nama Sech
Maulana Ngali Syamoejen.
Sang Prabu kaliyan Sang Raja Pandita lajeng sami imbal
wacana, sarasehan bab ngelmi ingkang kaserat ing Kitab Musarar, sasampunipun
dumugi anggenipun sarasehan, Sang Prabu mundut uninga babaraning sariranipun.
Sang Raja Pandita ambuka kekeraning gaib, bilih Sang Prabu
punika titisipun Sang Hyang Wisnu. Panitisipun sang Hyang Wisnu taksih bade
kelampahan kalih rambahan malih, ugi sami tedakepun Prabu Joyoboyo.
Sasampunipun wineca, Sang Prabu puruhita dumateng Sang Raja Pandita, lajeng
winisik bab ngelmi Cipta-Sasmita. Sasampunipun paripurna pamejangipun, Sang
Raja Pandita lajeng muksa.
Wauta watawis sawulan saking rawuhipun Sang Raja Pandita,
Sang Prabu Joyoboyo animbali putra ingkang sampun jumeneng Nata ing Kita
Pagedongan ajejuluk Prabu Joyomijoyo, kadawuhan anderek cangkramadumateng
Padepokanipun Ajar Soebroto ing wukir Padang.
Ki Ajar Soebrota wau ugi sampun nampi wasiyat ngelmi Cipta-Sasmita
saking Raja Pandita Sech Maulana Ngali Samsoejen.
Gantos ingkang winursita, ing Padepokan wukir Padang, Ki
Ajar Soebroto, lenggah ing pacrabakan den adep para cantrik wasi janggan ulu
guntung miwah para endang.
Ki Ajar paring uninga dumateng para siswanipun, bilih ing
Padepokan Wukir Padang bade karawuhan Nata Agung Binatara ing Kediri Prabu
Joyoboyo kaderekaken putra Nata ing Pagedongan ajejuluk Prabu Joyamijoyo. Para
cantrik sakancanipun kadawuhan resik-resik sarta tata palenggahan, dene para
endang kadawuhan angrakit sasaji ingkang bade kahaturaken Sang Prabu.
Boten watawis dangun Prabu Joyoboyo tuwin Prabu Joyoamijoyo
rawuh ing padepokan wukir Padang, Ki Ajar Soebroto amapakaken rawuhipun Sang
Prabu, dene pra cabtrik wasi jajanggan sami andodok ngapurancang sarwi
angaturaken sasanti pudyastuti.
Nata kakalih sami ingacaranan, lenggah ing pacraban, Ki Ajar
Soebroto angadepi, linggihipun mari kelu kadya konjema ing siti. Ki Ajar
Sasampunipun ngaturaken pambagyarja rawuhipun para Nata, lajeng suka sasmita
dumateng endang kinen angladosaken sasaji, lumadosipun sasaji wau kasunggi
dening para endang.
Menggih
warninipun sasaji wau :
1.Kunir sarampang,
2.Juwadad satakir,
3.Sekar Mlati sacontong,
4.Kajar sauwit,
5.Bawang Putih satalam,
6.Geti sapitrah,
7.Endang,
8.Sekar Sruni.
1.Kunir sarampang,
2.Juwadad satakir,
3.Sekar Mlati sacontong,
4.Kajar sauwit,
5.Bawang Putih satalam,
6.Geti sapitrah,
7.Endang,
8.Sekar Sruni.
Prabu Joyoboyo anguningani sasaji ingkang kaladosaken,
sakalangkung duka salebeting wardaya, awit saestunipun sampun uninga dumateng
werdinipun sesaji wau. Nanging sinaosa makaten Sang Prabu meksa andangu Ki Ajar
Soebroto, punapa menggah pikajengipun deneangaturaken sasaji ingkang sinandi.
Aturipun Ki Ajar, sarehning Sang Prabu punika sampun winisik ngelmi
Cipta-Sasmita dening Sang Raja Pandita Sech Maulana Ngali Samsoedijen, mila
dipun aturi ambatang piyambak.
Miyarsa aturipun Ki Ajar Soebroto ingkang makaten wau, Sang
Prabu kadya sinebit karnanira, jaja bang mawinga-winga, enget panguwaosing
Ratu, sigra anarik curiga sinudukaken Ki Ajar Soebroto, sakala angemasi.
Kawuwusa Prabu Jayoamijoyo, anguningani kadadosan ingkang
makaten wau sakalangkung ngungun sarta anjetung salebeting panggalih, nanging
kabekta saking sanget sungkemipun dumateng Raja-Nata mila ajrih bade
mambengana.
Prabu Joyoboyo lajeng anilar padepokan wukir Padang
dinerekaken ingkang putra kundur dateng Kediri. Labet saking hardaning rengu,
sang Prabu boten wawan sabdo wonten ing margi.
Kacarios, sareng sampun dumugi ing Kadaton Kadiri, Sang
Prabu andangu Putra Nata, punapa mangertos dateng sasaji ingkang sinandi wau.
Prabu Joyoamijoyoangaturaken ingkang balilunipun, wusana
Sang Prabulajeng paring pangandika.
²Wruhanira kaki Prabu, marmane panjenengan ningsun amrejaya
Ajar Soebrata, awit deweke nandang dosa rong prakara, sapisan dosa marang Ratu,
kapindo dosa marang Guru.
Lire kang dosa marang Ratu : Ajar Soebroto kadunungan pikir
jail dene sumedya anyupet para Narendra ing tanah Jawa.
Wondene dosa kang tumrap marang Guru : Ajar Subroto duwe
watak kumingsun, dene wani-wani ambuka kekeraning gaib kang isih sinandi Hyang
Sukma, sarana marsitakake ngelmu sandi kang winisikake dening guruningsun duk
ing nguni. Kang mangkono iku kaki, Ajar Soebroto wajib ngadiling Hyang Sukma
kudu pinatenan.²
Prabu Joyoamijoyo nembah andeku, ingkang rama lajeng
ngandika malih.
Ing samengko sira Ingsun wisik, manawa sejatine
Panjenenganingsun iku titise Sang Hyang Wisnu Murti.
Panitisingsun mung kari rong rambahan, katelu ingsun pribadi
iki. Sawuse iku Ingsun wus mari angejawantah ing tembe ana nagara Jenggala.²
Iku sun lambangi : Catur nata semunesagara asat, tegese
patang nagara yaiku :
1.JENGGALA,
2.KADIRI,
3.NGURAWAN,
4.SINGASARI.
2.KADIRI,
3.NGURAWAN,
4.SINGASARI.
Ratu
patang nagara iku isih mbutuhake rumeksa isining bawana, murih rahayune jagad,
ingsun winenengake anggempur para angkara murka lawase kongsi satus taun nuli
salin jaman. Ingkono ingsun wus tan kena melu-melu, karana ingsun wus pinisah
lawan sadulur bapa kakiningsun. Dene prenahing panggonaningsun ginaib ana ing
sajroning kekarah tekane guruningsun.
Kaki, ing tembe sapungkuringsun kawruhana, bakal ana jaman
pitung prakara.
Sira wajib ameruhana marang turun-turunira, karana sasajine
Ki Ajar Soebroto cacah pitung warna, kawulo karo endange, iku dadi samitaning
jaman.
Lire kang sawiji-wiji :
1.Kunir Sarampang.
Iku
sasmitane jaman Anderpati Kawasesa wekasane jaman. Ratune den lambangi : ²Ganda kentir semuni liman pepeka ². Negarane aran Pakrama Pajajaran,
Yudanagara tan anglabeti, pametune bumi duwit mas. Oleh satus taun sirna, awit
perang pada kadang.
2.Juwadah satakir.
Iku
samitaning jaman Anderpati Kalawisaya. Ratune den lambangi : ²Sri Kala Rajapati Dewanata². Negarane aran Majalengka lawase
sepuluh windu. Pametune bumi pcis, nanging lambange : ²Bebasahan datan kongsi tutug kaselak kampuhe bedah².
3.Kembang Mlati sacontong.
Iku
sasmitane jaman Kalawisesa. Ratune kekuta ing Glagahwangi, aran nagara Demak.
Ing kono salin agama. Raja jagade, panjenengane ratu adil parentahe lan ana
ratu pandita kang memuruk agama islam.
4.Kajar sauwit.
Iku
sasmitane jaman Kalajangga. Ratune bodo den lambangi : ²Lunga perang putung watange². Kekuta ana Pajang. Barang pratingkahe aniru Demak.
Pametune bumi picis lan sandang. Lawase patang windu punjul patang candra nuli
sirna.
5.Bawang Putih satalam.
Iku
sasmitane jaman Kalasakti. Ratune kekuta ana tanah Mataram. Ratune kang kawitan
den lambangi : Sarakah semune lintang sinipat, jadug Senapatine. Nuli
linambangan : Kalpa sru kenaka putung. Banjur salin lambang : Kembang sempal
semune lebu keketu. Ratune sugih, kuwat perang, kinalulutan ing bala,
kineringan ing mungsuh.
Dadi
gegetining para : Ajar, Pandita, Wali, Nujum, kagulung dadi sawiji. Ratu sakti
ambeg adil para marta, marang dasih.
Pametune
bumi reyal, ing kono ana nangkoda dagang nring tanah Jawa, nyuwita ngempek bumi
satitik, lawas lawas ambiyantu perang, unggul sesolahe, kedep sanusa Jawa.
6.Geti sapitrah.
Iku
sasmitane jaman Dupara. Ratune kekuta ing Wanakarta. Kang kawitan linambangan :
Layon keli semune satriya branta.
Ratune
abala bacingah, kineringan ing jagad, tumurune kasundang rowang.
Tegese
salin ratu sempalan saka akrabe. Nuli salin lambang : Gunung kendeng semuni kenya
nusoni. Banjur salin lambangmaneh : Gajah meta semune tengu lelaken. Pametune
bumi anggris lan duwit ing kono sangsaya retu negarane, ilang barkating bumi,
rusuh tataning peprentahan, wong cilik akeh kasrakat, bilahi matumpa-tumpa
datan kena tinambak. Ratune sowang-sowangan, denya ngungsi tan pernah.
Pra
Bupati apuyengan, para sentana pating salebar, wong cilik akontrang-kantring
tambuh lor kidul.
7.Endang.
Iku
samitaning jaman kutila, Ratune angkara murka pindah marang Kuta sala,
Linambangan ; Panji loro semune Pajang Mataram. Nangkoda melu masesa praja,
sugih banda kaduk wani kurang duga. Para sarjana-sujana kontit.
Wong
cilik kawlasasih omah bosak-basih keh katrajang ing dalan gede.
Nangkoda
puwa-puwa, cidra lali marang wong Jawa satemah apes kaswasih. Panji loro sirna,
nuli rara ngangsu, randa loro nututi pijer tukaran. Pametune bumi duwit,
mundak-mundak lir pineres akehe, yen panen datan maregi. Dursila durjana saya
andara, wong sugih isi jail tan welas marang kawulane. Mundak taun wuwuh
musibating praja. Adiling kukum lan yudanagara datan anglabeti, ratu patraping
bebener. Sali-salin paprentahan, kang jujur kontir, kang bandol lulus, kang
mulus rampus. Tan ana wahyu nyata, eblis lanat menda-menda wahyu.
Akeh
lali marang sanak sadulur lan wong tuwa. Sirna kawiranganing wanita, Wong mati
tanpa aji. Nagara rengka, akeh gara-gara, udan salah mangsa, dalajad
warna-warna, akeh tontonan salin-salin. Kerep lindu gonjang-ganjing, kerep ana
grahana, anutugi ing taun 1881 tanah Jawa potar patir. Kang raharja mung wong
rahayu ing budi sarta temen.
8.Kembang Sruni.
Iku
sasmitane jaman Kalaguba. Lambange Ratu tunjung putih umure pudak sinumpet.
Tegese pudak kasungsang. Karsaning Hyang Sukma akarya buwana balik, anitahake
ratu adil aran Raden AMISAN, jumeneng Sultan Herucakra, kekuta ing Katangga
Petik, jumenenge datan nganggo sarat sadawir iku wiwite ana pangapura, satemah
luwar musibating tanah Jawa. Ratu iku anggelarake dana, lumuh marang donya,
asih ing bala. Nangkoda eling nalangsa, nywita manjing anderek pasamuan.
Kang
mogok masgul sirna, Sultan Herucakra iku trahing Waliyullah, luwih dening sakti
amalat.
Pametune
bumi dinar, wong cilik pada kapenak, awit pajeg sewu dinar sinuda mung kari
satus dinar.
Sawah
sanjung pinajegan sadinar. Dene ratune lumuh marang arta dahare amaung pinanci
pitung ewu reyal satahune luwihe saka iku kinaramake.
Akeh
para para Sabrang pada nungkul. Saking adiling ratu para wadya lan kawulane
pada wedi asih trusing lahir batin.
Besuk
yen umure tanah Jawa angancik 1901 taun, ratu dalah karatone ginaib dening
Hyang Sukma. Nuli Hyang Sukma anitahake ratu turun Waluyullah, angadaton ana
Katongga kajepit ing Karangbaya, kaprenah lorwetaning gunung Prau, sakuloning
Tempuran. Ratu iku rinengga ing buwana, luwih harja negarane iku amarengi umuring
tanah Jawa ganep 1909 taun.
Sasirnane
ratu iku nuli rusuh maneh. Ing tanah Jawa tan karawan tatanane, akeh para
Bupati pada lunga marang manca praja asowang sowangan.
Sang
Hyang Sukma nuli anitahaken ratu maneh peparab Sang Asmara Kingkin, bagus anom
linulutan ing wadya, kadatone ing Kadiri lan Madura jamane harja lan tentrem.
Tanah jawa umure wus ngacik 1999, kratone banjur sirna.
Sasirnane
rau iku Tanah Jawa rusuh maneh ingkono tanah Jawa rinabasa wong saka nusa
Prenggi. Ratu Ngerum ngirimake bebantu angusir wong Prenggi. Rame prang pupuh
akeh long-linongan. Awit saka banget rusake tanah Jawa, mula akeh rerusuh. Img
kono duta saka Ngerum akarya ratu trahing ratu adil ing Katangga Petik, nanging
isih cilik sarta nandang kaswasih angeger buruh angon.
Jumenenge
ratu ing Waringin-rubuh tanah Wedi, ingaran nagara Ngamartalaya.
Nalika
iku tanah Jawa umure wis ngancik 2042 taun. Jamane den lambangi :
Gandrung-gandrung pinggir marga andulu gelung kekendon, tegese akeh para wanita
kang pada ngasin turasing kakung. Samana wus tan ana paprangan, wus tan ana
angaji-aji keris parung.
Yen
tanah Jawa wus ngancik umur 2100 taun, iku wus tumeka pareking kiyamat kobra,
pulo Jawa banjur kinelem ing banyu dadi sagara.
Kaki
Prabu, wus tutug anggoningsun misik marang sira, ambabarake werdaning sasaji 8
warna kang diaturake dening Ajar Soebroto marang ingsun.
————————————————————————————————
Kapetik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.
Kapetik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar